Sign up for PayPal and start accepting credit card payments instantly.

Wednesday, February 2, 2011

Susah cari kerja ya

Ini mengingatkan beratnya orang cari kerja ---->
Danny (D) wawancara Calon Karyawan (C):
D : Kowe nduwe motor opo ora....?
C : Mboten.
D : Ora ketompo
C : Lho kok mboten ketompo ?
D : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
C : Sak janipun gadhah, ning tasih wonten kampung, gampil mangke kulo beto mriki.
D : Wah malah ra ketompo....
C : lho kok ngoten
D : Tempat parkiré wis sesak.

D : Kowé wis lulus sarjana tenan.....?
C : sampun pak....
D : Ora ketompo, kéné iki golék sing SMA waé, luwih manutan lan bén mbayaré murah
C : Sak janipun kulo tasih badhe skripsi
D : Malah ora ketompo.....
C : Lho kados pundi to....?
D : Mengko kowé kerjo mung ngetik skripsi, yén wis lulus mesti golék kerjo ning perusahaan liyo..

D : Anakmu akèh opo sithik ?
C : Kathah pak
D : Kowé ora ketompo
C : Sebabipun ?
D : Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawé uanaaaaaak terus
C : Lha wong namung anak adopsi, kok.
D : Tambah ora ketompo
C. : Lho, lha kok ... ?
D : Gawé anak waé aras2en, opo manèh nyambut gawé

D : Kowé wis ngerti gawéyanmu durung ?
C : Dèrèng
D : Kowé ora ketompo
C : Sebabipun ?
D : Arep nyambut gawé kok ora ngerti gaweyané ?
C : Oo, nèk damelan niku sampun ngertos kok
D : Tambah ora ketompo
C : Lho, lha kok ... ?
D : Kowé rak mung arep keminter, to ?

D : Kowé biso main Internét ?
C : mBoten
D : Kowé ora ketompo
C : Sebabipun ?
D : Perusahaan ora nompo BI (Buta Internet)
C : Wah, sakjanipun nggih saged
D : Tambah ora ketompo
C : Lho, lha kok ... ?
D : Mesthi ora bakal nyambut gawé, kakèhan dolanan Internet, Ngenték-entekké pulsa !

D : Kowe waras opo ora?
C : Lha, kulo nggih waras to Pak.
D : Ra ketompo.......
C : Kenging nopo .....?
D : Mengko kowe mesthi ora krasan ning kéné.
C : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
D : Malah ra ketompo......
C : Pripun to niki....?
D : Mengko aku duwe saingan......:D =D X_X
Powered by Telkomsel BlackBerry®

No comments:

Post a Comment